Data-data geodesi gedhe banget mupangate tumraping pamarentah lan swasta minangka referensi kanggo pemetaan lan survey rekayasa lan minangka lelandhesane pengembangan Infrastruktur Data Spasial Nasional. Tujuan Jaring Kontrol Horisontal lan Vertikal yaiku kanggo ngawasi/monitor dinamika kerak bumi.

Tutik Mulyaningsih, S.Pd.*)

Jaring kontrol Geodesi kaperang dadi 3 yaiku Jaring Kontrol Horisontal (JKH), Jaring Kontrol Vertikal (JKV), lan Jaring Kontrol Gayaberat (JKG). Minangka salah siji data spasial kerangka kontrol geodesi dan geodinamika katulis ing Jaringan Data Spasial Nasional. Geodesi, miturut panemu awam yaiku cabang ilmu geosains kang nyinaoni ngenani pemetaan bumi. Geodesi uga mujudake salah siji cabang keilmuan kang paling tua kang ana sesambungane karo bumi, dene kang diarani Jaring kontrol Geodesi yaiku serangkaian titik yang saling terkait sehingga membentuk jaring dihasilkan dari pengukuran geodesi teliti dan berfungsi sebagai titik ikat atau acuan dalam pekerjaan pemetaan dan rekayasa lainnya.

Data-data geodesi gedhe banget mupangate tumraping pamarentah lan swasta minangka referensi kanggo pemetaan lan survey rekayasa lan minangka lelandhesane pengembangan Infrastruktur Data Spasial Nasional. Tujuan Jaring Kontrol Horisontal lan Vertikal yaiku kanggo ngawasi/monitor dinamika kerak bumi.

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, spasial yaiku bab kang ana sesambungane karo ruang utawa panggonan dene data spasial yaiku data kang awujud grafis kang nuduhake ruang lokasi utawa panggonan-panggonan ing salumahing bumi. Wujude data spasial arupa titik, garis, lan poligon. Data yaiku fakta ngenani objek, prastawa, lan kagyatan kang diterangake dening nilai. Tuladha data spasial kayata papan, posisi sumber minyak bumi lan sapanunggalane. Wujud data spasial arupa titik (dot), tuladhane posisi terminal, garis (poly line) tuladhane jaringan jalan raya, dene area (polygon) tuladhane: wilayah kecamatan.

Taun 2016 ing plataran ngarep sisih kidul SMP Negeri 1 Kabuh wis kapasang salah siji titik Jaring Kontrol Geodesi Nasional kanthi kode KD17 kang dikelola dening Badan Informasi Geospasial (BIG). Ana 3 fungsi saka JKGN KD17, yaiku:

1. Minangka titik referensi utawa acuan kanggo namtoake posisi.

2. Minangka titik acuan kanggo nggawe peta.

3. Minangka titik pantau geodinamikakang bisa digunakake kanggo ngawasi pola obahing lempeng tektonik ing kiwa tengene tlatah Jawa Wetan.

Menawa ana pitakon ngapa alat kasebut kapasang ana ing plataran SMP Negeri 1 Kabuh?

Pranyata Pancen diutamaake alat kasebut manggon ana ing instansi pamarentah utawa sekolah-sekolah amarga bisa kajamin bab kaamanane. Ing sauruting dalan gedhe Jombang-Babat kira-kira ana 8 lokasi , ing kelurahan Bawangan kecamatan Ploso ana 1 lan saka SMP Negeri 1 Kabuh menyang arah Babat ana 6 lokasi. Kanggo mangerteni luwih akeh bab Jaring Kontrol Geodesi Nasional (JKGN) bisa ndeleng ing link www.big.go.id.


Narasumber: Susilo - Pusat Jaring Kontrol Geodesi dan Geodinamika, Badan Informasi Geospasial.

*) Guru SMP Negeri 1 Kabuh

أحدث أقدم