Unggah-Ungguh Basaˉ¹


Bebrayan Jawa ngugemi tataning kasopanan sajroning pangetrapane basa ing pasrawungan. Pangetrapan basa jawa sajrone tuturan lumrah diarani UNGGAH-UNGGUH. Miturut Sudaryanto (2001:1062) unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama.

Heri Hendro Wahyudi*)

Bagean I

Basa mujudake salah sijine unsur budaya universal, tegese saben negara utawa bangsa mesthi nduweni basa minangka sarana kanggo komunikasi. Tujuan kamunikasi kanggo medharake sawijine idhe, gagasan, rasa-pangrasa, panemu, pamawas, maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Tumindak basa kang diucapake iku kudu ana sing guneman lan sing diajak guneman utawa kang ngrungu, nanging terkadhang ana wong kang omong dhewe wae utawa ngunandika. Katilik saka wujude, basa iku arupa basa tulis, basa lesan, basa isyarat, lan basa wiraga/basa ing bagean awak (bahasa tubuh). Sajrone nggunakake basa kudu trep ora kena tumpang suh. Hymes (sajrone Rahardi,2001:29) kang nyebutake components of speech, kang nyakup 7 perkara (variabel utawa faktor) kang nemtokake wacana kanthi akronim SPEAKING, yaiku : S (situation, panggonan lan swasana tuturan), P (partisipants, para panutur), E (ends, maksud utawa tujuan lan asil tuturan), A (act sequence, wujud lan isi pesen), K (key, ekspresi, nada, intonasi sajrone medharake tuturan, seneng, susah, lsp), I (instrumentalities, jalur utawa chanels), N (norms, norma/etika tuturan), G (genres, nyakup jinise wacana, kayata gancaran, tembang, guritan, dhialog, mite, crita, donga, kotbah, lsp).

Bebrayan Jawa ngugemi tataning kasopanan sajroning pangetrapane basa ing pasrawungan. Pangetrapan basa jawa sajrone tuturan lumrah diarani UNGGAH-UNGGUH. Miturut Sudaryanto (2001:1062) unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama. Tata krama yaiku unggah-ungguhing gunem lan tindak-tanduke (Sudaryanto,2001:1000). Pamedhare rasa pangrasa utawa ciptaning ati bisane gamblang utawa cetha kejaba diucapake uga kudu dikantheni solah-bawa, tindak-tanduk, ulat, lan sapepadhane kang salaras karo ciptane ati.

Unggah-ungguh basa miturut buku Karti Basa (1946:80-81) nyakup 13 tataran, yaiku (1) ngoko lugu, (2) ngoko andhap antya basa, (3) ngoko andhap/basa antya , (4) wredha krama, (5) mudha krama, (6) kramantara, (7) madya ngoko, (8) madya krama, (9) madyantara, (10) krama inggil, (11) basa kedhaton utawa bagongan, (12) krama desa, lan (13) basa kasar. Pamawas kang saemper kawedharake dening Sudaryanto (ed, 2001:4) kang ngandharake manawa bebrayan tradhisional Jawa nduweni 13 tingkat tutur (speech level) kang tumata, nanging ora kabeh tingkat tutur ing jaman saiki ditindakake kanthi bener lan pener. Golongan mudha wis akeh kang ora nggatekake unggah-ungguh sajrone nggunakake basa. Kanggo ngawekani owah-owahan jaman lan nggampangake anggone sinau unggah-ungguh basa, mula Sudaryanto (2001:5) merang unggah-ungguh mung dadi 2 tataran, yaiku basa ngoko lan basa krama. Sabanjure basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus, dene basa krama kaperang dadi krama lugu lan krama alus.

Basa Ngoko Lugu

Tembung ngoko tegese tanpa tata basa utawa pakurmatan (Poerwadarminta,1939:422). Tembung ngoko asale saka tembung wod[ko] kang dirangkep dadi [koko], banjur diater-ateri [ang] dadi [ngoko]. Tembung [ngoko] iku tembung lingga, tegese ater-ater [ang] iku kanggo ndhapuk tembung lingga, dudu tembung tanduk. Tembung (leksikan) ngoko mujudake dhasar kanggo pandhapuke tembung krama. Basa ngoko lugu iku basa kang tembunge ngoko kabeh, dene tembung aku, kowe, lan ater-ater [dak, ko, di], apadene panambang [ku, mu, e, ake] ora owah, panggah wae (Padmosoekotjo, 1953:45).

Basa ngoko lugu kuwi lumrahe mahyakake (medharake) pasrawungan kang kahanane raket banget, kayata:

a) Pacelathon ing antarane sapepahane kang wis kulina banget.

b) pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor.

c) Pacelathon wong tuwa marang bocah utawa wong kang luwih enom.

d) Digunakake nalika nunandika utawa omong dhewe.

e) Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Apa titikane tembung ngoko kuwi? Ora kabeh tembung ngoko ana titikane. Mung saperangan bae sing bisa diterangake titikane adhedhasar wujude tembung iku sing katon. Upamane adhedhasar ater-ater (awalan) utawa panambang (akhiran) sing ana ing tembung iku. Lire, tembung-tembung sing oleh ater-ater di-, panambang –(n)e, utawa –(k)ake, lumrahe kalebu golongane tembung ngoko.

Tuladhane :


Ater-ater [dak/ko/di]
Panambang [e/ne]
Panambang [k-ake]
diwaca, dituku, digepuk, dibanting, kowaca, kotuku, dakgepuk, dakgambarake, daksilih, dakkongkon, lsp.
Sikile, parine, gambare, bukune, nyilihe, pipine, digambarne, disilihne, lsp.
nulisake, dakgambarake, macakake, kolungguhake,  nyilihake, ditulisake, ditukokake, lsp.

Tuladhane ukara kang nganggo basa ngoko lugu, kaya mangkene :

“ Kowe mengko nginep nang omahku sawengi lho, penting!” omonge Triana.

“Iya, mung sewengi lo ya turu kene,” aloke Tiwi.

“Jan-jane iki ana apa ta, Mbak, kathik ngongkon aku turu kamar kene?” takone Tiwi.

“Iya, sawangane kaya ana sing arep diomongna bengi iki?” wangsulane Ida.

Pethikan pacelathon ing dhuwur kabeh tembung-tembunge ngoko kabeh. Pacelathon kang katindakake dening paraga kang raket banget, yaiku antarane Tiwi, Ida, Triana adhine.

Basa Ngoko Alus

Basa ngoko alus uga diarani basa ngoko andhap. Basa iki sanajan ngoko nanging kurmat marang wong sing digunem utawa sing diajak guneman. Pandhapuke basa ngoko alus yaiku basa sing nggunakake tembung-tembung ngoko kacampuran tembung kromo alus (krama inggil). Tembung-tembung sing kudu nggunakake krama alus(krama inggil) yaiku tembung-tembung kang ana sambung rapete karo wong sing dikurmati utawa diajeni. Leksikan krama inggil ditrapake tumrap tembung aran (nomina), tembung kriya (verbal), lan tembung sesulih purusa (pronomina), mligine pratama purusa.

Panganggone basa ngoko alus kanggo medharake utawa mahyakake pacelathon ing pasrawungan, yaiku kanggo :

1) Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.

Tuladha :

“Dhik, sliramu mengko kondur arep nitih apa?

Apa panjenengan mengko dipapag?

Apa kersa takdherekake?”

2) Wong enom marang wong luwih tuwa umure, amarga kudu ngajeni

Tuladha :

“Aku mau ngundhuh jambu akeh. Panjenengan apa kersa dakaturi?

Yen kersa mengko dakaturi sejinah.”

3) Ngajeni marang wong sing digunem (orang ketiga)

Tuladha :

“Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar, jalaran sesuk ngendikane bapak simbah rawuh.”

*) Guru SMP Negeri 1 Wonosalam.