Kepiye…….ing bab paramasastra diterusake apa ora…….
Nuwun sewu….katur para pamaos….pancen ing bab paramasastra iki tansah kudu ana terusane…yen ora diterusake mula bakal mandheg ing tengah dalan, nhaaa…..bisa bubrah ing piwulangan….isih kersa maos?
Inggih..MATUR NUWUN saderengipun……

Edisi wulan Juni 2019 katulis bab aksara, swara urip, swara mati, lan sapiturute. Ana edisi wulan Juli para pamaos bakal kasugatakake babagan :

1. Swara Landhep utawa swara Atos
Swara landhep utawa swara atos yaiku swara sing ngemu rasa nggetak, alok, utawa pangucap sarana santak { seru}. Ing pungksan ukarane migunakake tandha waca ( ! ).
Tuladha : Dhuh Gusti!
                Wadhuh, mrucut!
                Hayo, nakala!


2. Mandaswara

Mandaswara iku salah sijine tembung diucapake manda-manda (samar-samar)

Tuladha : bae – diwaca –wae. Ukarane : Dhimas ing omah wae ya.
                punika - diwaca – menika. Ukarane : Menika putra penjenengan ta?
                Cobi mbok bilih pamaos wonten tuladha sanesipun, mangga!

Nanging ana mandaswara sing asal saka tembung manca, lumrahe klebu swara atos.
Tuladha : Gusti Alloh, ikhlas, ka;bah, syari’at,
Isih akeh tuiladha-tuladha liyane,


3. Swara Menga
Swara menga iku padha karo aksara urip ( vocal ), wujude a, i, u, e, lan o.
Dene tuladhane kayata : sapa, peci, tali, ula, wedi, obah, lan sapanunggalane.


4. Swara Sigeg
Sing dikarepake swara sigeg yaiku swara sing katulis ing pungkasane tembung awujud aksara mati (sigeg).
Tuladha : bocah, sikil, kodhok, mangan, sambel, kulit, lan sapanunggalane.


5. Swara Irung

Sing dikarepake swara irung iku pangucapake tembung sarana mbrengengeng, nalika pangucap mingkem, swara metu saka irung. Mula swara irung iki uga diarani swara nasal. Dene wujude ana 4 yaiku : m, n, ng, ny.
Swara irung sing wujude ana 4 iki duwe gandhengan dhewe-dhewe.
Swara irung M iki gandheng karo aksara b, p, lan w. Coba gatekna tuladha ing iki:
M + bangun = mbangun
M + pati = mati
M + warung = marung
Tuladha ukara : Pak Sirman mbangun omahe anake.

                        Tanduranku akeh sing mati.
                        Sariman marung ing alun-alun, lsp.


Swara irung N gandheng karo aksara t, th, d, lan dh . Coba gatekna tuladha ing ngisor iki.
N + tuku = nuku
N + thuthuk = nuthuk
N + dodok = ndodok
N + dhondkel = ndhongkel
Tuladha ukara : Gayuh nuku pitike mbok Sarni, skeet ewu.
                          Pak Dhoglog penggaweyane nuthuk watu.
                          Tatik anggone kerja ndodok sabendina.
                          Wagimin kerjane sabendina ndhongkel tebu.


Swara irung Ng gandheng karo aksara : a, I, u, e, o, k, l, lan r. Coba setitekna tuladha iki.
Ng + adhang = ngadhang
Ng + ilang = ngilang
Ng + uleg = nguleg
Ng + edum = ngedum
Ng + embong = ngembong
Ng + owah (i) = ngowahi
Ng + kentir = ngentir
Ng + lali = nglali
Ng + rubuh (i) = ngrubuh (i)
Tuladha ukara : Surya yen sekolah ngadhang kancane ngarep omah.
                          Saryono kerep ngilang saka kelas.

                          Ibu nguleg bumbu rujak.
                          Pak mudin lagi ngedum penggaweyan kanggo kerja bhakti.
                          Sarehne omahe didol, ngesakne saiki dheweke ngembong.
                          Dar kowe bisa ora ngowahi kelakuanmu sing kurang becik.
                          Nalika banjir akeh bocah-bocah seneng ngentir ing kali.
                          Darmani yen oleh PR mesthi nglali.
                          Biyuh, olehe ngethok kayu, ngurbuhi gedhang!


6. Swara Anteb
Swara anteb iki duwe karep swara sing kawetu rasane anteb. Dene swara anteb kedadean saka :

a. Tembung sing oleh paten (sisigeg) aksara ; b, d, g.
    Tuladha: anteb, jagad, gudheg, lsp.
    Ukarane : Jogja sing kesuwur masakan gudheg.
b. Aksara h tumrape tembung sing kedadean mung sakecap.
    Tuladha : hus, hah, heh, his, hop, lsp.
    Ukarane : Heh, aja kaya ngunu ta, karo wong tuwa!
c. Aksara h tumrap wanda (suku kata } ing pungkasan sing nunggal swara karo  wanda ngarepe.
   Tuladha : maha, luhur, bedhah, ngalah, dhahar,lsp.
   Ukara : Bapak-bapak lan ibu-ibu mangga kula aturi dhahar


7. Swara Entheng
Swara entheng iku swara sing tembung-tembunge nganggo paten (sisigeg) aksara k, p, t.

Tuladha : empuk, kupat, lalap, lsp.
Ukarane : Aku yen mangan seneng lalap godhong kates


Semene dhisik, anggonku nulis bab paramasastra Jawa, muga- muga penjenengan para pamaos kersa nrima, lan manfaat marang para siswane. Edhisi wulan ngarep bisa disambung maneh kanthi bab sing beda.
Nuwun.


Nama : Heri Hendro Wahyudi
Unit Kerja : SMPN 1 Wonosalam
Hp. 081 554 055 855
Lebih baru Lebih lama