Puspita Indriani, S.Pd*

Wonten jagad piwucalan tamtu maneka warna prekara-prekara ingkang tuwuh. Makaten ugi ing piwucalan basa jawi. Mliginipun wonten ing bab piwucalan bakuning gagasan kados nembang kang maosipun kedah manut titi laras, ngrakit ukara ngangge ragam Basa Jawa, ugi maos aksara Jawa. Ing tulisan punika, badhe kawedharaken mligi kangge andum pengalaman ingkang sampun kalampahan, inggih menika babagan sinau maos Aksara Jawa.

Kaprigelan bocah ing bab maos Aksara Jawa menika kapacak kanthi cetha wonten ing silabus pasinaon Basa Jawa. Kados silabus kelas IX SMP kaserat wonten ing kasagedan baku menawi kedah saged maos 10 tembung wonten ing salebeting setunggal menit. Menika awujud tuntutan bilih peserta didik kelas IX dipunpirsani sampun saged maos Aksara Jawa kanthi lancar, kamangka ingkang kadadosan saperangan ageng mboten kados makaten. Pranyata peserta didik taksih kangelan anggenipun maos aksara jawi, senajan mboten maso rikat.

Baca Juga: Arroyan Auradinata Pelari Sprint 10,41 detik

Kathah sanget prakara ingkang saged dados jalaran kadadosan punika, wiwit saking aksara jawa punika sanes aksara ingkang dados sarana kaomunikasi tulis ing padinan, mboten sumadyanipun pajanan seratan ingkang kapajang wonten ing panggenan umum, wacan mligi mawi Aksara Jawa ingkang tansaya cures, lan sakpiturutipun. Mila Aksara Jawa punika tansaya asing tumrap bocah. Sinaosa sampun dipuntepungaken wonten sekolah wiwit SD, wonten SMP inggih taksih dereng saged maos kanthi lancar. Punika boten sanes amargi pancen boten dados padatan padinan, nanging saged ugipunika amargi anggenipun ngecakaken pasianaon Aksara Jawa dereng ngangge cara trep. Tuladhanipun, wonten ing piwucalan maos Aksara Jawa, ingkang mesthenipun peserta didik punika namung maos aksara, nanging dipunparingi kadhangan kangge alih aksara mawi aksara latin wonten ing ngandhapipun. Menika andadosaken bocah boten gadhah upaya kangge ngenget-enget ugi nancepaken seserepan bab ungel aksaranipun. Pramila punika, keparenga kajlentreh cara ingkang boten enggal nanging sae sanget menawi dipun cakaken.

Adhehasar kadadosan ingkang asring ingkang tinemu kados kacariyos ing nginggil, wigati sanget kangge enggal nemtokaken teknik ingkang trep. Salah satunggalipun ingkang saged dipuncobi inggih punika, maos tanpa proses alih aksara. Tegesipun, ingkang asring kalampahan dening saperangan ageng para dwija nalika pasinaon maos wacan Aksara Jawa, peserta didik tansah dikeparengaken maca (nyawang) aksara ingkang dados bahan wacan, lajeng madosi aksara latinnipun mawi buku pendhamping kadosta, pepak, sari basa, sapala. Lajeng nyerat latinipun wonten ngandhapipun ngantos jangkep setunggal ukara. Bibar punika lajeng dipunserat latin jangkepipun wonten sisihipun (papan wangsulan garapan).

Menapa bab punika lepat? Tamtu boten, nanging kirang trep kemawon. Lajeng kados pundi ingkang trep?

Mugya pamedharan punika ndadosaken salah satunggaling cara ingkang saged ngasilaken tambahipun kawasisan peserta didik.

Kaping angka setunggal, cawisaken teks adhedhasar tataran kemampuan peserta didiknipun, upami: menawi taksih ing tataran ginanipun pasangan, mila ukara ingkang cumawis, ugi manut kompetensi punika.

Kaping angka kalih, peserta didik kautus ngamati aksara ingkang kacawisaken awujud ukara. Lajeng peserta didik ugi dipunkeparengaken ngangge buku pendhamping. Nanging peserta didik boten dipunkeparengaken nyepeng pulpen utawi potlot.

Kaping angka tiga, peserta didik dipunutus maca ukara, lajeng madosi ungelipun wonten ing buku pendhamping, lan disuwun ngenget-enget waosipun tanpa nyerat latinipun wonten ing teks bahan wacan (tanpa alih aksara).

Kaping angka sekawan, kanthi alon-alon, peserta didik dipunutus ngrakit mawi lisan tanpa nyerat latinipun wonten buku.

Cara punika, kedah dipun latihaken kanthi bola bali, ing pangajab peserta didik kulina mawi cara punika, salajengipun para dwija saged ngulinakaken bab punika, utaminipun ing pasinaon maos aksara jawi.

Wusananipun, mugya babagan latih kaprigelan bab maos Aksara Jawa punika saged kaleksanan kanthi sae lan saged nambah kawasisanipun peserta didik ing perangan maos aksara jawi.

*) Guru Bahasa Jawa SMP Negeri 3 Jombang.
Lebih baru Lebih lama