Sugeng pepanggihan malih. Ing kalodhangan punika kula badhe ngandharaken piwulang ingkang wonten ing tembang dolanan.

Dwi Fadlli Febrianto*


Ana kêmbang, kêmbangé mlathi

Dikèrêmké, nang kali Jambé

Sinau têmbang, sing èdi pèni

Nyêngsêmake, tur akèh piwulangé

 
Sugeng pepanggihan malih. Ing kalodhangan punika kula badhe ngandharaken piwulang ingkang wonten ing tembang dolanan. Tiyang sepuh jaman semanten anggen paring piwulang dhateng putra-putrinipun ngangge cara ingkang maneka warna, saged kanthi paring tuladha, pitutur luhur, utawi tulisan, nanging saged ugi kanthi lelagon utawi tembang. Kanthi lelagon utawi tembang punika kathah sanget tiyang sepuh jaman rumiyin paring piwulang, awit langkung gampil dipuntampi dening para lare, ugi gampil dipun eling-eling dados perkeling.


Baca Juga : Sepeda Tandem Keliling Dunia Saling Melengkapi dan Menguatkan

Salah satunggaling tembang dolanan punika anggitanipun Sunan Kalijaga inggih punika Lagon Gundhul-gundhul Pacul, ingkang cakepanipun kados ing ngandhap:

Gundhul gundhul pacul, cul, gembelengan

Nyunggi nyunggi wakul, kul, gembelengan

Wakul glimpang, segane dadi sak latar

Wakul glimpang, segane dadi sak latar

Gundhul boten ateges boten gadhah rambut, nanging Gundhul wonten ing mriki ateges bocah utawa sirah. Sirah punika minangka pralambanging pangarsa utawi bocah minangka tiyang ingkang kagungan tanggel jawab. Pangarsa punika tiyang ingkang minulya ingkang kedah saged dados patuladhan ugi saged ngayomi dhateng andhahanipun utawi rakyatipun. Menawi dados bocah ugi kedah saged dados patuladhan marang kanca-kancane.

Tembung pacul saged minangka pralambang sarana pados sandhang pangan utawi pados kaya. Tegesipun minangka bocah mbesuk gedhe bisa nyambut damel kagem nyukupi kabetahan agesang utawi gadhah kedudukan. Menawi minangka pangarsa kedah saged paring kamulyan utawi usada supados kecukupan bab sandhang pangan tumrap andhahanipun utawi rakyatipun.

Pacul ugi gadhah teges menawi ing sirah punika wonten pacul yaiku papat ora kena ucul. Ingkang dipun maksud sekawan saking panca indra punika mapanipun wonten sirah, inggih punika paningal, talingan, lidhah (pocapan), saha grana. Paningal dipun gunakaken kagem ningali kawontenan, talingan kagem midhanget pangudarasa, lidhah kagem ngandikan ingkang sae pait madu, saha grana kagem ngambu kasusahan tiyang sanes.

Gembelengan tegesipun nalikane mlampah sirah sampun ngantos kaliyan gembelengan. Bocah menawi sampun sukses sampun ngantos gembelengan tumindak sembrana. Dadi manungsa bisaa rumangsa, aja rumangsa bisa. Yen bisa ngrumangsani kahanane dhewe mesthi bakal lembah manah, tepa slira, nanging menawi rumangsa bisa bakale kumalungkung. Menawi dados pangarsa punika boten pareng gumedhe karana wenang/ kekuasaan. Boten tumindak nyleweng utawi sembrana, wong kang sembrana bakale cilaka.

Punapa malih nalikane nyunggi wakul, inggih punika nalikane nampi piweling/ amanat kedah saged eling lan waspada, setiti ngati-ati. Wakul punika wadhah sega, tegesipun gawa barang kang wigati, barang penting kanggone tiyang gesang kanggo dhahar. Menawi kok tasih gembelengan dadosaken wakul ngglimpang segane dadi sak latar tegesipun dados barang kang muspra utawi sampun boten wonten guna paedahipun. Sega ingkang wonten wakul dibuwang byuk, siya-siya boten saged dipun dhahar malih. Sega sak wakul pralambang kaya kasil anggenipun nyambut damel, menawi anggenipun nglampahi agesang tumindak sembrana, boten ngrumangsani kahanan awak, mesthine bakal nemu cilaka, bandha ilang tanpa wekas.

 
Dudutanipun piwulang budi pekerti kagem lare-lare:

1. Dadi bocah kudu sing sregep tumandang gawe (macul)

2. Tumindak sembrana bakal cilaka lan rugi selawase, amarga ora kena dibaleni maneh.

3. Dadi manungsa bisaa rumangsa, aja rumangsa bisa, lembah manah, tepa slira, jaga pocapan lan tumindak sing becik.

4. Aja kumalungkung, gumedhe.

Gadingmangu, 09 September 2019


*) Guru SMP Budi Utomo.

Lebih baru Lebih lama