Basa ingkang kaginakaken kangge wicantenan utawi kangge tata serat lumantar ‘aplikasi SMS’ utawi ‘WhatsApp’ sampun kathah ingkang ngginakaken basa ‘gaul’. Basa ‘gaul’ ingkang kaginakaken dereng tamtu leresipun,malah kepara kathah ingkang lepat.

Dening: Drs. Toni Budiman

Unggah ungguh utawi tata karma punika raket sanget kaliyan basa ingkang kaginakaken. Ing wekdal “milenial” ingkang ugi kawastanan “jaman now” para putra-putri sami kedanan “HP”inggih awit kaperbawan “era digital” punika. Malah boten naming putra putri kemawon priyantun sepuh ugi makaten, menawi boten ngasta “HP” rumaos kados tiyang bingung. Kawontenan makaten punika punapa gegayutanipun kaliyan unggah ungguh?

Basa ingkang kaginakaken kangge wicantenan utawi kangge tata serat lumantar ‘aplikasi SMS’ utawi ‘WhatsApp’ sampun kathah ingkang ngginakaken basa ‘gaul’. Basa ‘gaul’ ingkang kaginakaken dereng tamtu leresipun,malah kepara kathah ingkang lepat. Para putra putri menawi boten ngginakaken basa ‘gaul’ kirang kendel (‘percaya diri’) rumaos kasingkiraken kaliyan rencang-rencangipun, malah saged ugi lingsem menawi kawastanan lare jadhul.

Baca Juga: Pesta Siaga Kwarcab Jombang Koordinator Wilayah (Korwil) I Ajarkan Kemandirian

Wonten ing basa Jawa dipuntepangaken kaliyan unggah ungguh, tegesipun wonten undha usukipun basa ingkang kaginakaken. Kasunyatanipun ingkang sami ngginakaken basa Jawa kathah ingkang boten ngenggeni unggah ungguh punika. Kathah pribadinipun piyambak punika dipun inggilaken kanthi ngginakaken basa karma inggih. Kamangka punika lepat sanget.Tiyang Jawi punika pribadinipun piyambak kedah dipun asoraken boten dipun inggilaken.Rumaosipun tiyang sapunika ngajeni dhateng tiyang sanes menawi pribadinipun piyambak dipun inggilaken (salah kaprah). Wonten pinten-pinten tuladha malah kepara kados ‘pelecehan’ menggahing tiyang Jawi.

1. Bapak sare kula siram.

2. Kula badhe kondur rumiyin.

3. Sinia mbak dakkandhani.

4. Mamamu mau ana ngendi ta ndhuk, papa kok ora tumon blas.

5. “Ayo cepetan gak pakek lama lho ya! Ya mbak iki sik OTW.

Sedaya tuladha punika kirang leres mungguhing unggah ungguh.

1. Bapak sare kula siram, punika tuladha ingkang lepat, pribadinipun piyambak dipun inggilaken mawi tembung siram. Ketingalipun ngajeni ananging malah lepat. Ingkang leres Bapak sare kula adus.

2. Kula badhe kondur rumiyin. Tuladha punika kadosipun sampun leres, ngajeni sanget dhateng tiyang sanes, kamangka malah lepat, leresipun ‘Kula badhe wangsul rumiyin.’

Tembung kondur kaliyan wangsul punika alus kondur (karma alus) awit menawi wangsul (karma lugu). Awit ingkang wangsul punika kula (pribadinipun piyambak) mila boten saged dipun inggilaken mawi basa karma alus cekap karma lugu kemawon.

3. Sinia mbak dak kandhani. Tembung sinia punika basa Indonesia ingkang lepat, wonten ing basa Jawa malah boten wonten. Ngendikanipun makaten punika basa gaul.

4. Mamamu mau ana ngendi ndhuk, papa kok ora tumon blas. Sesebatan mama kaliyan papa kadosipun langkung inggil ‘strata’nipun. Wonten ing bebrayan ‘milenial’(keluarga milenial) langkung kathah ingkang nyebut mama papa katimbang pak buk. Piyambakipun rumaos lingsem menawi putranipun ngaturi bapak lan ibukipun kanthi sesebatan Pak utawi Buk, langkung marem(bangga) menawi dipun aturi Mama utawi Papa.

5. Ayo ndang cepetan gak pakek lama lho ya ! Iya mbak iki sik OTW. Punika basa gaul ingkang asring kapireng dipunginakaken putra putri ‘milenial’. Basa gaul makaten punika boten ngenggeni leresipun basa, ananging naming nengenaken ‘unsur komunikatif’ kewala, ingkang wigatos tiyang ingkang dipunjak guneman mangertos maksudipun.

*) Ketua MGMP Bahasa Jawa SMP Negeri/Guru SMP Negeri 4 Jombang.
Lebih baru Lebih lama