Istimewa

Dening: Drs. Toni Budiman


Menawi kawontenan sampun kados makaten sinten ingkang lepat? Lare-lare? Tiyang sepuh? Bapak/Ibu guru ?

Para sesepuh rumiyin nilaraken pitutur luhur ingkang saged dados cepengan ngadhepi jaman kados makaten. Ki Hajar Dewantara pituturipun.

Ing ngarsa sung tuladha, Ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani.

Ing ngarsa sung tuladha, tegesipun wonten ing ngajeng maringi tuladha ingkang sae. Jejeripun tiyang sepuh utawi guru kedah paring tuladha ingkang sae lan leres menggah basal an unggah ungguhipun wonten ing sadhengah wekdal lan panggenan, bebasanipun dhalang ora kurang lakon. Ing wanci dhahar sareng kaliyan kulawarga (menawi taksih wonten) mangga para putra putri dipungladhi unggah ungguh lan basa ingkang leres. Ing wanci nyinaoni para putra mangga dipun wucalaken tata krama sinau ingkang leres. Nggladhi utawi mucalaken ing mriki paring patuladhan dhumateng putranipun kanthi sae lan leres.

Baca Juga: Pentingnya Keterlibatan Orang Tua

Mila menawi MGMP Basa Jawa SMP ing Jombang ngawontenaken Jambore Budaya Jawa punika trep sanget kangge asung patuladhan ngenani basa lan unggah ungguh tumrapipun para putra putri ing wekdal milenial kados jaman sapunika. Kasunyatanipun pancen kathah putra putri ingkang sampun kecalan basa jawa lan unggah ungguhipun.

Saben dinten kemis sedaya pawiyatan (sekolah) ing sangandhaping Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Jombang ngawontenaken “Dina Kemis Basa Jawa” sarana kangge para putra-putri saha warga sekolah gladhen wicanten basa Jawa. Emanipun lumampahipun “Dina kemis basa jawa” kirang sae. Kathah ingkang ajrih lepat ngginakaken basa Jawa. Sejatosipun menawi istiqomah kita sedaya ngulinakaken saben kemis micara basa Jawa boten ajrih lepat, menawi lepat kaemutaken. Ing wasana saged dados pakulinan mangkenipun mesthi bakal kumanthil basa jawinipun. Elinga basa Jawa iku kebak tata krama.

Ing madya mangun karsa, tegesipun menawi wonten ing tengah tiyang sepuh, guru, pangarsa kedah saiyeg saeka praya, kagungan ‘komitmen’ingkang sami murih ‘generasi milenial’ punika boten kecalan unggah ungguh. Menawi mrangguli putra putri lepat anggenipun ngecakaken unggah ungguh enggala kaleresaken, menawi mrangguli putra putri ingkang kirang trapsila enggal enggala dipun paringi pitedah ingkang sae.

Tut wuri handayani, tegesipun wonten wingking kedah paring pangayoman supados ‘generasi milenial’ boten ajrih ngginakaken basa jawa, boten ajrih dipun wastani ndesani. Sampun wancinipun para pangarsa ing babagan punapa kemawon enget lan ‘sadhar’ bilih icalipun tata krama utawi unggah ungguh ‘generasi milenial’ punikaawit kita sampun kesupen kaliyan tilaranipun leluhur kala uni inggih punika basa Jawa. Pramila basa Jawa kedah kawucalaken wiwit paud ngantos pawiyatan inggil kanthi leres lan wekdal ingkang murwat. Pitutur luhur sanesipun:

1. Wong yen nerima, uripe bakal dawa

2. Wong yen sabar rejekine bakal jembar

3. Wong yen ngalah uripe bakal berkah

4. Sapa sing jujur uripe ya makmur

5. Sapa sing sulaya uripe ya sengsara

6. Sapa sing sombong amale bakal kobong

7. Sapa sing tlaten bakal panen

8. Aja padha ngresula mundhak cepet tuwa

9. Sing wis lunga lalekna, sing durung teka entenana, sing wis ana syukurana.

Muga muga kanthi semangat ngginakaken basa Jawa kanthi makantar kantar punika ‘generasi milenial’ora tambah nakal, nanging malah dados ‘generasi kang handal’. Amin.

*) Ketua MGMP Bahasa Jawa SMP Negeri/Guru SMP Negeri 4 Jombang.
Lebih baru Lebih lama