Ngatipan Purwanto*

Cahya cumlorot saka dirgantara

minangka cahyane pulung

kang tumiba ana ing pawiyatan iki

daksimpen jroning tekad lan angen-angen

daktandur ana jroning jiwa lan ragamu

muga ing tembe tukul

Baca Juga: PAUD Rejoagung, Ploso Mengagali Potensi Berbuah Prestasi

dadi kasunyatan urip ing bebrayan agung

pulung minangka pratandha kanugrahaning Gusti

wujud drajat, pangkat ,lan kasampurnaning budi

**Bapak Ibu Guru

menapa saget kula ketiban pulung

awit kula sanes trahing kusuma rembesing madu

amung anaking wong cilik

lungguh dingklik ongklak-angklik

*Anak-anakku, aja cilik atimu

urip ing jaman saiki

sapa bae bisa mukti lan wibawa

ora perduli kuwi anaking priyayi apa dene wong tani

sauger kowe gelem mbudi daya

anut jantraning tekad

gelem sinau mepes hawa napsu

ilangana kesed, ugemana ujaring para pinter

Cahya cumlorot saking dirgantara

minangka cahyaning pulung

ingkang dumawa wonten pawiyatan punika

sumrambah wonten jroning tekad lan angen-angen

kula simpen jroning jaja, jroning jiwa

mugi ing tembe ngrembuyung

dados tetuwuhan kang edhum

minangka sesendhenan anggen kula gesang

netepi wajib

miguna tumraping bangsa, agama , lan negara

*Anak-anakku

ya kaya ngunu kuwi kang dakjaluk

giliging tekad gedhene karep

sauger kowe gelem mbudi daya

bakal kasembadan apa kang mbok gegadhang

tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati

**Bapak Ibu Guru

matur sembah nuwun

dening keikhlasanipun Panjenengan

nggulah wentah; ndidik lan wulang wuruk dhumateng kula

keparenga sakmenika kula jumangkah

nguber nasib, mujudaken cita-cita

Ya-ya, anak-anakku

uberen nasibmu, wujudna cita-citamu

mibera sing dhuwur kaya mibering kukila

nyilema sing jero, kaya sileme mina

nanging aja lali marang ibu Pertiwi

amarga ya ana ing kene kowe urip

(kenangan kanggo siswaku Evi lan kanca-kancane)

*) SDN Ngrandulor Peterongan
Lebih baru Lebih lama