Paramasastra Jawa


Ing edhisi iki bakal diterusake ngudhari racikane Paramasastra Jawa, kanggo piwulangan para dwija Basa Jawa khususe lan kagem pandhemen basa Jawa sing tansaya langka.
 
Heri Hendro Wahyudi*

Ing wulan kepungkur penulis wis ngaturi pirsa marang para pamaos ing babagan TATA TULIS, lan UNGGAH-UNGGUH BASA, ing pangajab para pamaos tansaya bisa tambah seserepan lan kawruh ing basa Jawa.

Ing edhisi iki bakal diterusake ngudhari racikane Paramasastra Jawa, kanggo piwulangan para dwija Basa Jawa khususe lan kagem pandhemen basa Jawa sing tansaya langka. Sing ngendikane para pamaca basa Jawa iku jare angel banget. Sejatine gampang banget, yen gelem maca kanthi ajeg, dibarengi kanthi rasa seneng. Kaya dene kaduwean kita kabeh yen kagungan rasa seneng senajan dikaya ngapa, mesthi jerone ati krasa marem tur seneng.

Coba iki ana tembung sing gegayutan karo ngelmu basa, yaiku Paramasastra. Paramasastra iki mono saka tembung Kawi, Basa Jawa Kuna kang dicambor. Mungguh asale mangkene:

P a r a m a duwe teges: utama, mulya endah, becik, apik.


Baca Juga : Berantas Zona Merah Buta Aksara Melalui Kegiatan Produktif

S a s t r a duwe teges: tulisan

Dadi “paramasastra”, tegese yaiku ngelmu basa utawa ngelmu sing nata basa, utawa bisa sinebut tatanane basa.

Saka ngrembakane jaman miturut pangerten sing gumathok tur cocog karo kebutuhan, jlentrehe “paramasastra”, yaiku paugeran (pedhoman) carane maca lan nulis sawijine basa.

Miturut kasunyatan, paramasastra Jawa iki ngalami owah-owahan sethithik, sing dicocogake karo owah gingsire jaman. Owah-owahan sing dikarepake yaiku nuju marang kasampurnan. Mula ing kene paramasastra banget diperlokake.

Ing perangan iki bakal diambali sethithik ing babagan aksara, supaya luwih gamblang maneh. Sebab ana perangan wulan kepungkur mung medharake sagebyaran tata tulis.


a. Aksara

Aksara sing kanggo nulis tembung ing Basa Jawa uga ngalami owah-owahan, mula kanthi disempurnakake, kaya tuladha ing ngisor iki:


b. Aksara Swara (Vokal)

Aksara swara utawa vocal yaiku aksara sing gunane kanggo nulis tetembungan supaya luwih cetha. Utawa ing aksara Jawa sing diarani ha, na, ca, ra, ka utawa carakan. Dene aksara swara iku aksara bebas.

Tuladha:

1. Sing ora owah

2. Sing owah

c. Aksara Mati (Konsonan)

Aksara sing dudu aksara swara yaiku aksara sing duwe titik artikulasi.

Tuladha:

1. Sing ora Owah


2. Sing ora owah

3. Sing owah


4. Nulis Jeneng

1. Nulis jeneng utawa badan hokum dicocogake karo ejaan basa Jawa sing wis    disempurnakake, kejaba menawa ana tetimbangan khusus saka babagan hokum utawa sejarah.

Tuladha: Jeneng wong: Bung Karno, Ir. Soekarno, lan liya-liyane.

             Badan hukum Yayasan Boedi Oetama, Yayasan Pendidikan Al Ma”arif

2. Nulis jeneng-jenenge geografi, iki dicocogake karo ejaan basa Indonesia, umpamane; Afrika, Florida, Indonesia Bagian Tengah. (ana candhake)
 
*) Guru di SMP Negeri 1 Wonosalam

No comments

Powered by Blogger.