Lungaku iki ora adoh
Warih
iki mestine ana
Mlebu
ing sajroning bangkelan
Ojo
nganti lali lali
Luput
apa maneh
Aja
nganti sepisan
Tan
kena lali
Tan kena lena
![]() |
Gamelan SDN Puton Diwek. (Donny) |
Warih
iki mesti ana
Gancani
anggon jeneng kitho lumaku
Luruh
golek pangupoh jiwa
Ngupadi
rezeki awehing Gusti
Warih
iki ngancani ingsun
Tri
candra mbulan andadari
Catur
kerto kertaning bumi
Manunggal
sapta nawa bumi
Gusti
kulon nyuwun palillah penjenengan dalem.
Puisi Karya : Kepala SMP Negeri 2 Mojoagung, Sugeng Wibowo, M.Pd.